Sabtu, 30 April 2011

rikala wektu mlaku

Senajan tenda wis dibubraki
Gendera wis didunke
Nanging sliramu tetep ning atiku

Unggun gari mawane
Mawa wis dadi awu
Nanging ora bakal kelalen
Pisanan dhewe ketemu

Bagaskara munggah alon
Godhong garing gogrog kesawut bayu
Ora krasa wis wayahe
Mlaku dhewe-dhewe

Senajan lagu sayonara
Rampung dinyanyekake
Nanging sliramu tetep ning atiku
--------------------------------

*sebuah puisi jawa yang terinspirasi dari puskepram candrabirawa

0 komentar:

Posting Komentar